
Khotbah Jumat ini disampaikan dalam bahasa Jawa. Isinya membahas keutamaan puasa enam hari di bulan Syawal setelah Idulfitri, yang pahalanya setara dengan puasa selama setahun.
Oleh Dwi Taufan Hidayat, Ketua Lembaga Dakwah Komunitas Pimpinan Cabang Muhammadiyah Bergas, Kabupaten Semarang, Jawa Tengah.
Tagar.co – Alhamdulillah, kita panjataken puji syukur dhumateng Allah SWT ingkang sampun maringi nikmat lan berkah dhumateng kita sedaya. Salawat lan salam mugi tansah kaaturaken dhumateng junjungan kita, Nabi Agung Muhammad Saw, panutan kita ingkang maringi pituduh lan rahmat tumrap sekabèhing alam. Mugi-mugi kita sedaya tansah diparingi istiqomah iman lan Islam, lan saged nindakaken dhawuh-dhawuhipun kanthi tulus lan ikhlas.
Jemaah Jum’ah ingkang kinurmatan,
Ing wulan Syawal punika, wonten satunggaling amalan sunnah ingkang dipun ajeng-ajeng dening para mukmin, inggih punika siyam enem dinten sakbibare Idulfitri. Rasulullah Saw ngendika:
مَنْ صَامَ رَمَضَانَ ثُمَّ أَتْبَعَهُ سِتًّا مِنْ شَوَّالٍ، كَانَ كَصِيَامِ الدَّهْرِ
Man shāma ramaḍāna ṡumma atba‘ahu sittan min syawwāl, kāna kaṣiyāmid-dahr.
(Sapa waé sing pasa Ramadan banjur diterusake kanthi pasa enem dina ing bulan Syawal, mula bakal oleh pahala kaya pasa setahun) (H.R. Muslim)
Jemaah ingkang kinurmatan,
Para ulama ngendika bilih sabab utama puasa Syawal saget nyantosakaken pahala puasa setahun amargi saben kabecikan dipun lipat-gandhakake sepuluh kali dening Allah Swt. Pasa Ramadan tigang dasa dinten kados pasanipun sepuluh wulan, dene pasa enem dinten Syawal kados pasanipun kalih wulan. Makaten punika, jumlahipun dados kados pasanipun setahun.
Wektu lan Tata Cara Pasa Syawal
Siyam Syawal punika saged dipun tindakaken wiwit tanggal 2 Syawal dumugi pungkasan wulan Syawal. Panjenengan saged nindakaken sacara berturut-turut utawi dipisah-pisah . Nanging, langkung utama menawi dipun tindakaken langsung sasampunipun Idulfitri. Imam Nawawi rahimahullah ngendika:
قال أصحابنا والأفضل أن تصام الستة متوالية عقب يوم الفطر، فإن فرقها أو أخرها عن أوائل شوال إلى أواخره حصلت فضيلة المتابعة لأنه يصدق أنه أتبعه ستا من شوال
(Para ulama madzhab Syafi’i ngendika bilih langkung utami menawi puasa Syawal punika dipun tindakaken kanthi berturut-turut sakwisé Idulfitri. Nanging, menawi dipisah-pisah utawi dipun undur dumugi akhir wulan Syawal, tetep dipun wastani nutugaken puasa Ramadan).
Pendapat para Ulama
Sanajan wonten ulama ing madzhab Maliki lan Hanafi ingkang ngendika bilih puasa Syawal punika makruh amargi khawatir bakal disalahpahami minangka puasa wajib, nanging mayoritas ulama ngukuhaken bilih puasa Syawal punika sunnah muakkadah. Imam Nawawi rahimahullah ngendika:
واذا ثبتت السنة لا تترك لترك بعض الناس أو أكثرهم أو كلهم لها وقولهم قد يظن وجوبها ينتقض بصوم عرفة وعاشوراء وغيرهما من الصوم المندوب
(Sunah menika sampun tetap dalilipun, mula boten kedah dipun tinggal namung amarga kathah tiyang boten nindakaken utawi dudu kabiasan. Anggapan bilih menika bakal ngasoraken derajat sunah saged dipun bantah kaliyan puasa Arafah lan Asyura).
Jemaah Jum’ah ingkang kinurmatan,
Mugi-mugi kita saged manfaataken kesempatan agung punika, kita nindakaken puasa Syawal kanthi niyat lan pangarep-arep ridha Allah Swt. Awit Allah Maha Paring Rahmat lan Maha Agung Ganjaranipun.
Jemaah ingkang kinurmatan,
Mugi kita sedaya tansah dipun paringi kekuatan dening Allah Swt. supados saged nindakaken sunnah-sunnah Rasulullah Saw. Mugi Allah ngersakaken kita tansah istiqamah lan nggayuh ridha-Nya. Mugi Allah paring pangapunten dhumateng kita sedaya, ngangkat drajat kita ing dunyo lan akhirat.
Doa Akhir Khotbah
اللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِينَ وَالمُسْلِمَاتِ، وَالمُؤْمِنِينَ وَالمُؤْمِنَاتِ، الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيعٌ قَرِيبٌ مُجِيبُ الدَّعَوَاتِ
Allāhumma-ghfir lil-muslimīna wal-muslimāt, wal-mu’minīna wal-mu’mināt, al-aḥyā’i minhum wal-amwāt. Innaka samī‘un qarībun mujību ad-da‘awāt.
(Ya Allah, paringana pangapunten dhumateng kaum muslimin lan muslimat, kaum mukminin lan mukminat, ingkang gesang utawi ingkang sampun kapundut, satemenipun Panjenengan punika Maha Mireng, Maha Cedhak, lan Maha Nyembadani panyuwun).
آمِيْنَ يَا رَبَّ العَالَمِيْنَ
Semoga Allah maringi manfaat lan berkah dhumateng kita sedaya. Amin Yarabalalamin.
Penyunting Mohammad Nurfatoni